Nilai Hakekat Mistik Kejawen
Rahayu....!
“Urip ing ngalam dunya, ora liya mung pinangka kanggo netepi
titahing Gusti”
Pucung (Pupuh III: Serat Wredhatama):
“Ngelmu iku
Kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangkese
dur angkara”
“Angkara gung
Neng angga anggung
gumulung
Gegolonganira / Triloka lekeri kongsi
Yen den umbar ambabar dadi rubeda.”
“Beda lamun kang wus sengsem
Reh ngasamun
Semune ngaksama
Sasamane bangsa sisip
Sarwa sareh saking mardi martatama”
“Taman limut
Durgameng tyas kang
weh limput
Karem ing karamat
Karana karoban ing sih
Sihing sukma ngrebda saardi pengira”
“Yeku patut tinulat tulat tinurut
Sapituduhira
Aja kaya jaman mangkin
Keh pra mudha mundhi diri lapal makna”
“Durung becus kesusu selak besus
Amaknani rapal
Kaya sayid weton mesir
Pendhak pendhak angendhak
Gunaning jalma”
“Kang kadyeku
Kalebu wong ngaku aku
akale alangka
Elok Jawane denmohi
Paksa langkah ngangkah met kawruh ing Mekah”
“Nora weruh
rosing rasa kang rinuruh
lumeketing angga
anggere padha marsudi
kana kene kaanane nora beda”
“Uger lugu
Den ta mrih
pralebdeng kalbu
Yen kabul kabuki
Ing drajat kajating
urip
Kaya kang wus winahya sekar srinata”
“Basa ngelmu
Mupakate lan panemune
Pasahe lan tapa
Yen satriya tanah Jawi
Kuna kuna kang ginilut tripakara”
“Lila lamun
kelangan nora gegetun
Trima yen ketaman
Sakserik sameng dumadi
Tri legawa nalangsa srah ing Bathara”
“Bathara gung
Inguger graning
jajantung
Jenek Hyang wisesa
Sana pasenedan suci
Nora kaya si mudha mudhar angkara Gusti Maha Agung.”
“Nora uwus
Kareme anguwus uwus
Uwose tan ana
Mung janjine muring muring
Kaya buta buteng betah anganiaya “
“Sakeh luput
Ing angga tansah linimput
Linimpet ing sabda
Narka tan ana udani
Lumuh ala ardane ginawa gada”
“Durung punjul
Ing kawruh kaselak jujul
Kaseselan hawa
Cupet kapepetan pamrih, tangeh nedya anggambuh mring Hyang
Wisesa”
Gejolak Pengembaraan Sukma
Kesadaran dalam falsafah hidup Jawa
dimulai dari kesadaran rasio atau akal budi (cipta) yang ditopang oleh
pilar utamanya yakni kesadaran batin meliputi kesadaran jiwa atau sukma, dan
kesadaran rahsa (rasa). Tidak hanya berhenti sampai di situ, kesadaran rahsa
masih harus dimanifestasikan dalam perbuatan konkrit untuk menjalani aktivitas
hidup sehari-hari (karsa). Parameter keberhasilan manusia dalam menjalani
kehidupan sehari-hari sebagai makhluk ciptaan Tuhan (titahing Gusti), adalah bilamana berhasil melakukan harmonisasi dan
sinergi antara perilaku manusia dengan kearifan alam semesta, antara jagad alit dengan jagad ageng, antara mikrokosmos dengan makrokosmos. Oleh sebab itu
manusia Jawa (Nusantara) selalu berusaha untuk menciptakan harmonisasi dan
sinergisasi antara microcosmos yaitu jagad
alit (diri pribadi) dengan macrocosmos yaitu jagad ageng (alam semesta). Rahayu....!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar